---Peace Syndicate---: Ngelmu Pring -Rotra-

Ngelmu Pring -Rotra-


*reff:
pring reketeg gunung gamping ambrol,
ati kudu teteg ja nganti uripmu kagol….
pring reketeg gunung gamping ambrol,
uripa sing jejeg nek ra eling jebol…. 2X




pring deling, tegese kendel lan eling…
kendel marga eling, timbang nggrundel nganti suwing

pring kuwi suket, dhuwur tur jejeg…
rejeki seret, rasah dha buneg

pring ori, urip iku mati….
kabeh sing urip mesti bakale mati

pring apus, urip iku lampus…..
dadi wong urip aja seneng apus-apus

pring petung, urip iku suwung….
sanajan suwung nanging aja padha bingung

pring wuluh, urip iku tuwuh…
aja mung embuh, ethok-ethok ora weruh

pring cendani, urip iku wani…
wani ngadepi, aja mlayu marga wedi

pring kuning, urip iku eling….
wajib padha eling, eling marang Sing Peparing


*reff

pring iku mung suket,
ning omah asale seka pring,
usuk seka pring,
cagak seka pring,
gedhek iku pring,
lincak uga pring,
kepang cetha pring,
tampare ya mung pring….
kalo, tampah, serok, asale seka pring….
pikulan, tepas, tenggok, digawe nganggo pring….
mangan enak, mancing iwak, walesane ya pring…
jangan bung, aku gandrung, jebule bakal pring…



nek ngono pancen penting, kabeh sing nang nggon wit pring
pancen penting tumraping manungsa sing dha eling
eling awake, eling pepadhane, eling patine, lan eling Gustine…
wong urip kudu eling, iso urip seka pring
tekan titi wancine ya digotong nganggo pring
bali nang ngisor lemah, padha ngisor oyot pring
mulane padha eling, elinga Sing Peparing….


*reff


ora bakal bubrah marga iso melur…
kena dinggo mikul, ning aja ketungkul
urip kuwi abot, ja digawe abot…
akeh repot, sak trek ora amot

mulane uripmu aja dha kaku….
melura, pasraha, ra sah dha nesu
aja mangu-mangu ning terus mlaku…
sanajan ro ngguyu aja lali wektu

kowe bakal bisa urip rekasa….
ning kudu percaya uga sregep ndonga
Gusti paringana, agunging pangapura…
marang kawula ingkang kathah lepat lan dosa
aja nggresula, aja wedi
dudu kowe, ning Gusti sing mesti luwih ngerti….
ngatur urip lan mati,
nyukupi rejeki,
paring tentreming ati,
cukup sandang pangan papan,
bakal mukti pakarti….


*reff
kalau anda tidak faham silahkan menunggu postingan berikutnya 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Coment ya..
jazakallah

Copyright © ---Peace Syndicate--- Urang-kurai